Assalamual'aikum wr ....wb...
BismillahirrahmaanirrohiimAlhamdulillaahirobbiil 'alaamiin...
Wassolaatu wassalaamu 'alaa asrofil anbiyaaii walmursaliin
Sayyidina wamaulana muhammadin, wa'ala alihi wa'ashabihi ajma'in
Amma ba'du.
Almukarom para alim ulama, bapak kyai, ibu nyai,
Ugi dumateng sohibul bet.......
Dumateng sedoyo ibu - ibu jamaah sholawat nariyah ingkang
Kulo hormati.
* sepindah monggo kito sami sareng sareng muji raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt, engkang sampun paring rahmat, taufik, hidayah, iman islam ugi nikmat kesehatan sehinggo ing dinten meniko kito sedoyo saget rawuh wonten majelis sholawat nariyyah meniko kanti keadaan sehat wal afiat mboten wonten alangan setunggal menopo...aamiin...yra...
Mugi mugi acara meniko, pikantuk ridhonipun Alloh swt... lan katah barokahipun dumateng kito wonton ndonyo ngantos akhirat amiin...yra...
* Kaping kaleh sholawat ugi salam mugi tansah kunjuk duma
teng junjungan kito Nabi Muhammad beserta kelurga, ugi shohabat..mugi mugi kito pikantuk safaatipun wonten yaumil
kiamat aamiin..yra...
Allahumma sholli wa baarik wasalim 'alaihi
Ing dinten niki kulo bade ngaturaken susunan acara engkang bade kito derek aken ing siang meniko. Kanti susunan
1. Pembukaan
2. Waosan solawat nariyyah lan tahlil
3 . Pengajian
4. Penutup utawi doa.
*Monggo acara siang meniko kito bikak sareng sareng kanti waosan umul kitab....
Alfatihah.....
Maturnuwun dumateng waosan Alfatihah kolowau, mugi -mugi
acara ing siang meniko saget lancar mboten wonten alangan setunggal menopo...aamiin ...yra...
Acara saklajengipun waosan solawat nariyah lan tahlil.
Dumateng ibu pimpinan wedal kulo aturaken.....
Sak sampunipun waosan sholawat nariyah lan tahlil....
*Maturnuwun dumateng ibu - ibu jamaah sedoyo..mugi ...mugi amalan panjenengan kolowau di pun tampi Allah swt, lan lantaran meniko leluhur keluarga ibu.......khususipun, leluhur keluarga kulo lan panjenengan sedoyo di pun pangapunten dosa, dosanipun, lan di pun panggenaken wonten panggenan sak sae - saenipun....aamiin...yra...
Acara saklajengipun..pengaosan..
Dumateng bapak pembina wedal kulo aturaken....
Maturnuwun dumateng bapak pembina, mugi - mugi engkang di pun aturaken kolowau katah manfaatipun dumateng kito sedoyo, lan saget nambah ketaqwaan kito dumateng Alloh swt... aamiin...yra....
Monggo ibu... ibu..sakderengipun kito akhiri acara meniko monggo kito ndongo sesarengan.
Doa Penutupan majelis di pun waos x 3
Mekaten kolowau acara demi acara sampun kito lampahi sesarengan, mbok menawi wonten kekilafan nyuwun agunging
Pangapunten.
Wabillahi taufik walhidayah wassalamualaikum wr...wb....
Monggo acara meniko dipun akhiri lantunan sholawat sesarengan.
مولى يا صل و سلم داءمًا أبدا على حبيبك ............. هو الحبيب الذي ترجى شفاعته.............
يارببالمصطفى بلّغ .........

Tidak ada komentar:
Posting Komentar